20 March 2011

Iso weruh durung mesti iso nggayuh!

Dadi manungsa saderma nglakoni urip kang wus ginarih seko Kang Murbeng Dumadi. Dadi yo ora bisa miturut sakarepe dewe. Kabeh kang kudu dilakoni iku iso kagayuh srana nenepi utawa laku prihatin. Sumangga kersa panjenengan kabeh, amarga "sabda pengetahuan rahasia" kang dadi kanugrahan Dalem Gusti kanggo titah manungsa iku ora gampang kegayuh srana isa ngucap. Kabeh bisa kejawab trusing ketulusan atimu marang Gustimu.
Sahengga, urip iki mung saderma nglakoni apa kang wis cinakep ing kitab panguripan ing Kraton Kasuargan jati.
Kanti manembah mring Kang Murbeng Dumadi trusing manah kang tulus, muga tansah kagayuh apa sing bisa kagayuh.

0 comments:

 

Burhandjogja: Keberagaman adalah kekayaan! Bukan untuk diadu atau dihancurkan!!!